iklan banner

Contoh Pidato Perpisahan

CONTOH PIDATO PERPISAHAN DALAM BAHASA JAWA

Assalamu'alaikum warohmatullahhiwabarakatuh
Alhamdulilahirabil alamin wassalatu wassalamuala asrofil ambyai walmursalin, sayidina muhammadin wa ala alihi wasahbihi ajma'in ama ba'du.

Bapak kepala sekolah ingkang dahat kinurmatan. Bapak pengurus komite sekolah ingkang kinurmatan. Bapak/Ibu guru saha Karyawan/Karyawati ingkang kinurmatan. Tiyang sepuh / wali siswa kelas 9 ingkang kawula mulyakaken, lan sedaya kanca - kanca ingkang tansah bagya mulya.

Ingkang sepindah, sumonggo kita sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi rahmat, taufik, sarta hidayahipun dhumateng kita sedaya dumugi kita saget kempal wonten ing mriki kangge program pepisahan siswa kelas 9, kanthi sehat, walafiat, boten wonten alangan satunggal menapa.

Ingkang saklajengipun, kula ngaturaken matur suwun kagem Bapak/Ibu guru ingkang sampun maringi wektu kangge kula ing mriki. Wonten ing adicara menika kula ngaturaken aggunging panuwun ingkang tanpa upami awit kaiklasan saha sih katresnan Bapak/Ibu guru anggenipun nggulawenthah kula sakanca satemah saged ngrampungaken ing pawiyatan iki sadangunipun tigang warsa. Lan kula nyuwun pangapunten dhumateng Bapak/Ibu guru amargi wonten ing tigang warsa ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan iki kula sakanca kathah tindak tanduk lan atur saha solah bawah ingkang mboten leres kaliyan tata krama, kula sakanca nyuwun pangapunten, mugi-mugi Bapak/Ibu guru ngapuntenaken kalepatan kula sakanca.

Saklajengipun kula sakanca kelas 9 nyuwun donga pangestunipun dhumateng Bapak/Ibu guru saha para rawuh sedaya , supados saged nglajengaken sekolah ingkang jumbuh kaliyan pepinginan ingkang sampun kapilih. Mekaten ugi kula sakanca ndherek ndedonga kanthi pepuji mugi adhik - adhik kelas 7 lan 8 saged kasil anggenipun sinau kanthi kasil ingkang langkung sae, sarta pawiyatan iki ugi tansaya maju mutunipun.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawah ingkang mboten mranani penggalih kula nyuwun aggunging samudra pangaksami.  Wabilahi taufik walhidayah Wassalamu'alaikum warohmatullahhiwabarakatuh
Sumber http://mmustanger.blogspot.com

0 Response to "Contoh Pidato Perpisahan"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel